Pangerten Basa Rinengga Lan Macam Macam



Basa Rinengga

Basa Rinengga ngemu teges basa kang dipaesi, dijaga, lan dirumat supaya dadi endah utawa tetep edi peni. Ing kalodhangan iki jinising basa rinengga kang dirembug yaiku Paribasan, Bebasan, Lan Saloka.
  A.     Paribasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan, tuladha:
1.     Ancik-ancik pucuking eri , Artine Tansah duweni rasa Kuwatir.
2.     Mungsuh munggwing cangklaka , Artine Mungsuh sing cedhak banget.
3.     Gawe luwangan, Ngurugi luwangan, Artine Nggolek utangan kanggo nyauri utangan seng lawas .
4.     Kejugrugan gunung menyan , Artine Oleh rejeki akeh banget
5.     Golek uceng kelangan deleg Lan sapiturute , Artine Golek bathi setitik nanging malah tuna akeh.
       B.     Bebasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhanake kahanan utawa sesipatane wonge, tuladha:
1.     Arep jamure emoh watange , Artine Gelem kepenake ora gelem rekasane.
2.     Dudu berase ditempurake , Artine Urun rembug nanging ora cocog karo bab perkarane.
3.     Sendhakep ngawe-awe , Artine Wis mareni penggawean ala, nanging batine pingin nglakoni maneh.
4.     Kerot tanpa untu , Artine Duwe kekarepan nanging ora nduwe ragad.
5.     Kriwikan dadi grojokan Lan sapiturute , Artine Perkara cilik dadi gede.
       C.     Saloka
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhanake wonge, tuladha:
1.     Kutuk marani sunduk , Artine Wong kang nyedhaki marang bebaya.
2.     Kebo nusu gudel , Artine Wong tuwo njaluk wuruk marang wong enom.
3.     Pitik trondhol diumbar ing padaringan , Artine Wong ala dipitaya nunggu barang aji, wusanane ngentek-enteki.
4.     Timun musuh duren , Artine Wong ringkih musuh wong santosa.
5.     Gajah ngidak rapah Lan sapiturute , Artine Wong kang tumindake ora laras karo guneme.

Nganalisis Basa Rinengga
Tetembungan utawa unen-unen sajroning paribasan, bebasan, lan saloka iku lumrahe isi pitutur sejati kanggoning ngaurip. Saliyane iku, Ana sawatara tetembungan ing sajrone kang minggunakake basa endah, kayata:
a.     Adigang adigung adiguna (migunakake purwakanthi guru sastra)
b.     Becik ketitik ala ketara (migunakake purwakathi guru swara)
Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa utawa lumaksita.

Ciri Ciri ne Purwakanthi guru swara
Tuladha :
1.     Aja mrana-mrana bisa tiba (kabeh akhir katane di akhiri huruf ingkang podo yaiku A)
2.     Aku mau tuku tahu wolu (kabeh akhir katane di akhiri huruf ingkang podo yaiku U)
3.     Bakso soto loro loro (kabeh akhir katane di akhiri huruf ingkang podo yaiku O)
Ciri Ciri ne Purwakanthi guru sastra
Tuladha :
1.     Jamane jaman jogedan jaipogan (guru swara sing podo akhir katane, tapi guru sasta sing podo awal katane)
2.     Bakule bakso bungah banget (guru swara sing podo akhir katane, tapi guru sasta sing podo awal katane)

Ciri Ciri ne Purwakanthi guru basa / lumaksita
Tuladha :
1.                 Salma mangan nganti tiba-tiba (ingkang purwakanthi guru basa kata terakhir diulang di depan kata selanjute)
2.                 Adhiku kudu duwe wedang (ingkang purwakanthi guru basa kata terakhir diulang di depan kata selanjute)

Sekian Artikel saya tentang basa rinengga, ingkang ana kaluputane kula aturaken pangapura.

Comments

loading...